2 Jun 2024

Latihan Soal ASAS Asesmen Akhir Semester II SD/MI Kelas 5 (Lima) - Bahasa Jawa

Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang paling trep ana ing lembar jawab kang cumawis! 
 
Bacaan No 1-5 
Pesisir Slamaran ing Kutha Pekalongan kahanane seger, adhem, lan tentrem. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut. Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha. Paribasan numpak motor mung sacleretan, wis anjok ing pesisir Slamaran. 
1.Wacan ing dhuwur kalebu wacan... 
A.narasi 
B.deskripsi 
C.argumentasi 
D.eksposisi 

2.Tembung endah ing wacan kasebut sinonime yaiku.... 
A.edi-peni 
B.gumregah 
C.makmur 
D.sumunar 

3.Wacan kasebut nggambarake daerah kang ana ing.... 
A.Magelang 
B.Pekalongan 
C.Kendal 
D.Semarang 

4.Ukara pokok wacan kasebut yaiku.... 
A.Pesisir Slamaran ing Kutha Pekalongan kahanane seger, adhem, lan tentrem 
B.Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut 
C.Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha 
D.Paribasan numpak motor mung sacleretan, wis anjok ing pesisir Slamaran 

5.Manut mapane ukara pokok, wacan kasebut kalebu paragrap…. 
A.deduktip 
B.induktip 
C.deskriptip 
D.ineratip 

Bacaan No 6-7
Dino minggu Rudi, Rendi, Rapi, Riko, lan Roki arep dolanan neng taman. Kabeh bocah dolanan karo ati bungah. Saliyane dolanan delikan, Rendi dolan mlayu-mlayu karo kancane. Bubaran dolanan sakbenere Rendi kesel lan ngelak. Mula akhire Rendi lan kancane tuku lan ngombe es krim. Rendi lan kancane mangan es krim neng cedak lapangan, sinambi ndelok bocah-bocah padha dolanan bal-balan. 
6.Tokoh utama sajrone teks narasi kasebut yaiku.... 
A.Rudi 
B.Rendi 
C.Rapi 
D.Riko 

7.Sing ana neng teks narasi kasebut bocah-bocah dolanan.... 
A.delikan 
B.delikan lan mlayu-mlayu 
C.delikan karo bal-balan 
D.delikan, bal-balan, lan mlayu-mlayu 

8.Pandhawa kang dadi ratu ing Negara Amarta, yaiku.... 
A.Nakula 
B.Sadewa 
C.Puntadewa 
D.Werkudara 

9.Ing ngisor iki kang dudu putrane Bima, yaiku.... 
A.Raden Gathutkaca 
B.Antareja 
C.Dewakusuma 
D.Antasena 

10.Putra kaping pisan pambayune Pandhawa arane....
A.Puntadewa
B.Werkudara
C.Janaka
D.Sadewa 

11.Perang Bharatayudha dimenangake dening pehak....
A.Pandhawa
B.Kurawa
C.Duryudana
D.Sengkuni

12.Gamane sadewa yaiku....
A.Jamus kalimasada
B.Gendiwa
C.Pasopati
D.Mantra pangruwatan

13.Gatekna gambar ing ngisor iki! 
A.Werkudara 
B.Janaka 
C.Nakula 
D.Yudhistira 

Gatekna tembang iki kanggo mangsuli pitakon nomer 14-18!
Aja sira niru tindak kang tan becik, 
Sanadyan wong liya, 
lamun pamuruke becik, 
Miwah ing tindak prayoga. 
14.Tembang kasebut dumadi saka … gatra. 
A.rung 
B.telung 
C.patang 
D.limang 

15.Guru gatrane tembang kasebut yaiku... 
A.4 (papat) 
B.12, 6, 8, 8 
C.i, a, i, a 
D.12i, 6a, 8i, 8a 

16.Guru wilangane tembang kasebut yaiku... 
A.4 (papat) 
B.12, 6, 8, 8 
C.i, a, i, a 
D.12i, 6a, 8i, 8a 

17. Tembang kasebut nduweni watak yaiku....
A.sereng
B.galak
C.nelangsa
D.seneng 

18. Miturut paugerane, tembang kasebut mujudake tembang....
A.Kinanthi
B.Durma
C.Gambuh
D.Maskumambang

19.Tembang macapat iku kaiket ing paugeran.... 
A.guru gatra, guru wilangan, guru lagu 
B.guru pada, guru wilangan, guru lagu 
C.guru gatra, guru wilangan, guru swara 
D.guru pada, guru wilangan, guru lagu


Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener!
21.Nalika nulis karangan deskripsi salah sijine kang kudu digatekake yaiku milih irah-irahan. Irah-irahan tegese... 
22.Sing perlu ditemtokake sepisanan nalika arep nulis crita bab kedadean yaiku… 
23.Putra ragil saka Dewi Kunthi lan Pandhu yaiku... 
24.Pandhawa lima kang kondhang ganthenge yaiku... 
25.Pusaka Jamus Kalimasada duweke Yudhistira awujud... 
26.Puntadewa nduweni watak... 
27.Tembang sinom iku watake... 
28.Tibane swara wanda ing pungkasan saben gatra kasebut guru... 
29.Wilangan wanda saben gatra kasebut guru... 
30.Gatrane tembang Maskumambang padha karo gatrane tembang... 

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 
31.Gawea karangan deskriptip saparagrap bae babagan prastawa alam! 
32.Apa wayang jang paling digandrungi masarakat? Jelasna! 
33.Kepriye watake Werkudara? 
34.Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta. Adharna guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat kasebut!
35.Tulisen nganggo Aksara Jawa ”mangan sega”!


Semoga bermanfaat ^_^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar